Kamis, 02 Juli 2020

Materi Kelas VII KD 3.1 Teks Deskriptif


KARANGAN DESKRIPSI

Deskripsi asale saka tembung tembung description (Bahasa inggris) sing maknane ngambarake nganggo basa. Karangan deskripsi yakuwe karangan utawa tulisan sing nduweni ancas (tujuan) ngambarana sawijining barang / objek kanthi jelas marang pamaca. 

Miturut kamus besar Bahasa Indonesia ( 2005 : 258) njelasna menawa deskripsi yakuwe andharan utawa nggambarna kanthi tembung – tembung kang jelas lan tarwaca.

Deskripsi yakuwe andharan utawa nggambarna kanthi tembung – tembung sawijining barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean. 
Ancas utawa tujuan kiye supaya kaya- kaya pamaca weruh bab kang dideleng, bisa krungu apa sing dirungu, bisa ngambu apa sing bisa diambu, bisa nyicipi sawijining panganan kang dipangan, bisa ngrasakna saengga pamaca nduweni dudutan utawa kesimpulan sing padha karo penulis.
Ciri – ciri paragraf deskripsi:
1. Menehi gegambaran sawijining barang panggonan lan swasana2. Gegambaran dilakokna kanthi migunakaken panca indra3. Ndhuweni ancas ( tujuan ) supaya pamaca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh lan ngrasakna apa sing dedeskripsikna dening panulis4. Menehi penjelasan ngenani sawijining objek kang dideskripsikna, bisa awjud warna, ukuran sipat lan liya- liyane.

Jenis – jenis karangan deskripsi:Jenis karangan deskripsi dibagi dadi loro yakuwe deskripsi ekspositori lan deskripsi Impresionatis.

1. Deskripsi Ekspositori
Deskripsi ekspositori minangka karangan sing logis, biasane minangka daftar rincian utawa bab-bab penting sing disusun miturut sistem lan urut-urutan logis objek sing deteliti.
2. Deskripsi Impresioatis
Karangan deskripsi impresionatis minangka karangan kang nggambarna impresi panulise utawa kanggo netralaken pamacane. Deskripsi impresionistis kiye lewug munjeraken marang impresi utawa pamireng bisa nrasakna dhewek utawa nglakokna observasi.

0 komentar:

Posting Komentar

Hasil Penilaian Tengah Semester Genap Kelas IX Tahun 2021-2022

Setelah menyelesaikan kegiatan Tengah Semester Bahasa Jawa, silahkan kalian cek nilainya di bawah ini!