Nyemak Unsur Basa Teks Tanggapan Deskriptif
A. Swara Jejeg lan Srawa MiringSwara jejeg uga diarani swara sampurna. Swara iki durungowah saka asale. Swara /a/ jejeg tuladhane kaya ing tembung mata, wana, rasa, lan liya-liyane.
Swara /a/ miring iku manawalafale padha karo tembung wani, garu, sate, wedang, nanas, lan sapanunggalane.
Swara /i/ bakal diarani swara jejeg manawa lafale dadi /i/kaya ing tembung bali, sasi, wisata, wanita, pitulung, lan sapanunggalane. Swara /i/ bakal diarani swara miring manawa lafale kaya ing tembung bathik, nangis, guling, tertib, lan sapanunggalane.
Catetan Penting:
1. Swara a diarani a jejeg nalika owah dadi swara o lan biasane ora dipungkasi aksara mati.
Tuladhane : widada, lara. wana, lan mata, lan sapanunggale (nalika diucapake swara a owah dadi o)
Swara a diarani a miring nalika pangocapane tetep a lan biasane dipungkasi aksara mati.
Tuladhane : bapak, gupak, kinupengan, nanas, wedang, lan sapanunggale (nalika diucapake swara a ora owah tetep a)
2. Swara i diarani i jejeg nalika pangocapane panggah i, biasane ora dipungkasi aksara mati.
Tuladhane : bali, sasi, wani, pitutur, lan sapanunggale (nalika diucapake cetha swara i)
Swara i diarani i miring nalika pangocapane dadi e, biasane dipungkasi swara mati.
Tuladhane : pitik, bathik, putih, nangis, guling, tertib, lan sapanunggale (nalika diucapake kaya
swara e)
3. Swara u diarani u jejeg nalika panocapane panggah u, biasane ora dipungkasi aksara mati.
Tuladhane : layu, madu, mlalu, lunga, sapu, lan sapanunggale (nalika diucapake cetha swara u)
Swara u diarani u miring bisa dititeni amarga dipungkasi swara mati.
Tuladhane : mikul, warung, sarung, tarung, alus, kasut, lan sapanunggale.
4. Swara e diarani e jejeg nalika diucapake mengo lan biasane ora dipungkasi aksara mati.
Tuladhane : sate, suwe, wedhang, lele, bule, lan sapanunggale (nalika diucapake cetha
swara e)
Swara e diarani e miring bisa dititeni amarga dipungkasi swara mati.
Tuladhane : suwek, golek, kopen, sewek, lan sapanunggale (nalika diucapake swara e ngambang/ kurang cetha)
Swara e pepet kaya tuladhane : sepet, sega, lenga, lebet, teka, lan sapanunggale (nalika diucapake janggute lincip)
5. Swara o diarani o jejeg nalika diucapake mengo lan biasane ora dipungkasi aksara mati.
Tuladhane : soto, loro, obat, pulo, sore lan sapanunggale (nalika diucapake cetha swara o)
Swara o diarani o miring bisa dititeni amarga dipungkasi swara mati.
Tuladhane : bolong, adoh, gosong, kobong, lan sapanunggale.
B. Jinise Tembung
Kanggo nyinaoni teks tanggapan dheskriptif uga kudu nyinaonijinising tembung basa Jawa. Jinise tembung ing basa Jawa kaperang dadi10, yaiku:
1) Tembung Aran (Kata Benda)
Tembung aran yaiku tembung sing nerangake sakabehe jenengebarang utawa sing dianggep barang.
Tembung aran diperang dadi loro, yaiku:
a) Tembung aran sing kasat mata
Tuladha: gunung, jaran, jeep, pura, omah, dalan, segara, wedhi, lan sapanunggalane.
b) Tembung aran sing ora kasat mata
Tuladha: pemandhangan, kabudayan, pariwisata, lan sapanunggalane
2) Tembung Kriya (Kata Kerja)
Tembung kriya yaiku tembung sing nerangake pagawean.
Tuladha: lunga, dolan, tuku, turu, nulis, numpak, nggawa, mangan, njaluk, nggambarake, nerangake,
lan sapanunggalane.
3) Tembung Kahanan (Kata Sifat)
Tembung kahanan yaiku tembung sing nerangake watak, sipat, lan kahanane samubarang.
Tuladha: adoh, cedhak, ayu, panas, sugih, kepenak, sengsara, luwe, panas, nengsemake, lan sapanunggalane.
4) Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
Tembung katrangan yaiku tembung sing nerangake tembung aran, tembung kriya, lan tembung kahanan.
Tuladha: saiki, sesuk, awan, bengi, minggu ngarep, lan sapanunggalane.
5) Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Tembung wilangan yaiku tembung sing nerangake cacahe utawa jumlahe barang lan pepangkatan.
Tuladha: siji, loro, telu, sepuluh, selawe, seket, satus, sewu, sasendhok, sethithik, akeh, kabeh,
pirang-pirang, separo, seprapat, sakjam, ka-2, lan sapanunggalane.
6) Tembung Sesulih (Kata Ganti)
Tembung sesulih yaiku tembung sing dadi sesulih utawa gantine wong, kewan, barang utawa
sing dianggep barang.
Tuladha: aku, kowe, dheweke, iki, kuwi, kae, lan sapanunggalane.
7) Tembung Ancer-Ancer (Kata Depan)
Tembung ancer-ancer yaiku tembung sing dienggo nyambung tembung kriya karo panggonan.
Tuladha: ing, saka, menyang, lan sapanunggalane.
8) Tembung Panggandheng (Kata Sambung)
Tembung panggandheng yaiku tembung sing dienggo nggandheng gagasan loro utawa luwih.
Tuladha: nalika, karo, lan, banjur, mula, yen, manawa, sebab, lan sapanunggalane.
9) Tembung Panyilah (Kata Sandang)
Tembung panyilah yaiku tembung sing dienggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung
aran sing wis genah.
Tuladha: sang, si, para, lan sapanunggalane.
10) Tembung Panguwuh (Kata Seru)
Tembung panguwuh yaiku tembung sing nerangake rasa pangrasa.
Tuladha: ah!, adhuh!, oh!, hore!, ya ampun...!, lho!, haa!, lan sapanunggalane
0 komentar:
Posting Komentar